Kumpulan Lirik Lagu Lagu Terlengkap dan Terupdate. Lirik Lagu Manca, Lirik Lagu Indonesia, Lirik Lagu Daerah, Lirik Lagu Pop, Lirik Lagu Rock

Selasa, 18 April 2017

JHF - SEDULUR

Tidak ada komentar :

Reff : 
Awake dewe kabeh sedulur 
Nyawiji siji ing guyub lan rukun 
Tansah ngajeni lan ngopeni 
Gugur gunung hanjaga pakerti 

Sedulur… Sedulur... 
Aja dha udur yo sing akur 
Sedulur… Sedulur… 
Welas asih padha a ditandur 

Verse 1 
Asah tanpa amarah, asih tanpa pamrih 
Asuh supaya tuwuh, pasedulurane kukuh 
Sing wuta dituntun 
Yo dha padha mlaku bareng

Sing lempoh dijunjung 
Merga jagade peteng 
Yen.. liyane ngumbar angkara 
Ben.. dhewe milih nyebarke tresna

Jo dipikir, Jo, Jo, dipikir 
Warna kulit agama, guyub rukun tepaselira 
Yo dho mikir, Yo, Yo, dho mikir
Crah gawe bubrah, rukun gawe sentosa 

Verse 2
Menang dadi areng
Kalah dadi awu 
Marang sedulur 
Rasah dha padu 
Ora sanak - ora kadang
Yen mati melu kelangan 
Agegaman kamanungsan 
Migunani tumraping liyan 
Bedha guru aja nesu 
Bedha bapa ora papa 
Sing penting tunggal tinemu 
Bedha iku kodrate menungsa


Credit to Marzuki Mohammad

Lirik lagu by JHF - SEDULUR
Posting by Kumpulan Lirik Lagu
Denpasar. Selasa, 18 April 2017

Tidak ada komentar :

Posting Komentar